Kancil Nyolong Telane Mbok Randha
July 16th, 2008 Posted in Humor, UmumKancil nyolong telane Mbok Randha .
Ana sawijining dina, Kancil mlaku kledhang-kledhang ing alas. Raine ketok suntrut sajak kaya dluwang diuntel-untel. Apa sing nyebabke Kancil dadi ngana kuwi? Mergane Kancil wit mau esuk durung mangan. Panganan ana ing alas wis nipis. Wit-witan padha ditegori uwong, dadine alase saiki wis ora kaya ndhek mbiyen. Alase saiki dadi panas amarga gundhul. Arep nggolek ngombe ya wis angel, sumber-sumber utawa tuk banyu wis akeh sing asat. Ya ngene iki pokal gawene menungsa, menus-menus tur ngangsa sing golek pangan.
”Cil..Kancil kowe kuwi ana apa ta, nduwe rai siji wae mbok tekuk kaya ngana kuwi?” pitkone Kethek.
”Oalah Thek Kethek… saiki pikiren ya, aku ki wis kawit esuk mau durung mangan babar blas. Lha iki sawangen wethengku wis kelet karo geger,” wangsulane Kancil karo nduduhake wetenge.
”Sing sabar ya Cil… soale sing keluwen kuwi ora mung kowe thok… kanca-kanca liyane sing manggon ing alas iki ya padha keluwen. Mergane akeh wit-witan …




































