Werdine tarub ing upacara mantu
July 16th, 2008 Posted in Culture, UmumWerdine tarub ing upacara mantu

Pasang tarub agung dadi salah sijine perangan baku ing upacara pahargyan penganten adat Jawa. Nalika Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunagara IX nggelar hajatan mantu, sawetara dina kapungkur, tarub agung diwiwiti saka masang bleketepe sawetara dina sadurunge ijab kabul penganten sakloron, GRAj Agung Putri Suniwati utawa Menur lan Sarwana Thamrin.
Miturut budayawan Mufti Raharjo, sawetara dina kapungkur, acara pasang tarub agung ora mung ngandhut werdi bab ngregengake swasana. Ubarampe tarub agung ngandhut maneka pralambang lan tapsiran sinandi kang tebane dadi tapsiran urip lan panguripaning manungsa ing alam donya iki.
Tarub agung bisa dadi pratandha yen sawijining kulawarga nembe duwe hajatan mantu. Masang tarub agung bisa dadi pra-tandha tumrap bebrayan sakiwa tengene sing duwe gawe. Saka tarub agung sing dipasang, kulawarga kang duwe hajatan mantu bakal antuk panjurung lan kalodhangan mirunggan saka bebrayan sakiwa tengene murih kabeh acara lumaku kanthi apik.
Sadurunge miwiti pasang tarub biyasane disedhiyakake sesaji mligi arupa sega tumpeng, woh-wohan kayadene pisang lan klapa, jajanan pasar, omben-omben, kembang maneka warna, daging kebo, gula klapa utawa gula Jawa lan ubarampe sesaji liyane. Sesaji iki minangka pralambang donga panyuwunan marang Gusti Kang Maha Kuwasa, lan uga kanggo nulak balak saka krenahe titah alus. Ubarampe tarub agung antarane tebu wulung. Tebu wulung dadi pralambang antebing kalbu. Pasangan penganten bakal mbangun bale somah kanthi antebing ati lan padha bebarengan ngupaya kanggo njaga tetep raharjaning kulawarga. Cengkir gadhing cilik werna kuning minangka ubarampe tuwuhan agung mralambangake gumelenging pikir kang becik.
Tegese, pasangan penganten priya lan wanita bakal padha-padha setya tuhu. Maneka warna gegodhongan seger kayadene godhong ringin, majakara, alang-alang lan dhadhap serep mralambangake gegayuhan supaya pasangan penganten bisa bebarengan mbangun kulawarga, bale somah, kang tansah kalimputan kaslamaten, karaharjan lan kamulyan. Ing sandhuwure gapura peranganing tarub agung sing sinebut bleketepe, digawe saka nam-naman janur sing digantung, mengku werdi kanggo nundhung maneka rupa titah alus kang bakal nggiri godha lan ngreridhu sing duwe hajatan mantu. Bleketepe iki uga mengku karep minangka pratandha yen ing papan utawa omah kasebut nembe digelar upacara pahargyan penganten. Ngarep omah Tembung tarub dhewe, miturut andharan ing sawetara kapustakan kang ngrembug bab tata cara upacara pahargyan penganten, asale saka tembung aran kang ngandhut pangerten sawijining wangunan utawa gedhong kang asipat kadereng dening prelu utawa darurat.
Gedhong utawa wangunan sing asipat kadereng dening prelu iki racake didegake ing sangarepe omah kang nembe duwe hajatan mantu lan mengku karep asipat rasional lan irasional. Karep kang asipat rasional yaiku gawe tambahan papan kanggo nglenggahake para tamu, nata meja lan ubarampe upara mantu.
Dene karep kang asipat irasional, miturut andharan ing buku Upacara Pengantin Jawa, karyane Dr Purwadi MHum lan Dra Enis Niken H MHum, yaiku ngracik tarub jumbuh kalawan adat kang lumaku sinartanan maneka warna sarat mligi sing lumrah sinebut sesaji. Ing bab iki ngandhut tapsiran kaslametan lair lan batin ing tebane kang amba.
Dene ubarampe tarub kang kalebu mligi yaiku tuwuhan. Ubarampe tuwuhan iki antarane sapasang debog pisang raja sing wus awoh. Ubarampe iki ngandhut tapsiran supaya ing tembe mburi pasangan penganten bisa dadi tepa tuladha ing urip bebrayan. Kayadene wit pisang utawa debog pisang iku bisa urip ing papan ngendi wae. Pangajabe, pasangan penganten bisa urip manjing ajur ajer ing papan ngendi wae.Tuwuhan tebu wulung ngandhut pralambang antebing kalbu, tekad kang gembleng lan gumeleng. Wulung ateges mulus, tapsirane murih penganten bisaa mikir dhisik sadurunge tumindak. Saengga maneka tumindak sing dilakoni sinartan tekad kang gembleng, ora tidha-tidha lan tansah dikantheni tekad kanggo mulat sarira hangrasa wani.
Rong janjang cengkir gadhing uga dadi ubarampe tuwuhan ing pasang tarub agung. Klapa gadhing iki mralambangake kencenging pikir, kekarepan kang gembleng. Pasangan penganten kaajab duwe kakarepan kang gembleng kanggo nggayuh urip kang kebak kabagyan, tansah kalinton kaslamaten lan kamulyan.
Ubarampe tarub liyane, kayadene godhong ringin, godhong maja, godhong kara, godhong alang-alang lan gegodhongan liyane ngandhut tapsiran murih pasangan penganten bisa urip ing bebrayan lan dadi pengayomaning bebrayan. Lan ing tebane kang luwih amba, supaya sakabehe bisa lumaku kanthi slamet lair batin lan ora nemu alangan sawiji apa. ::Dening: Ichwan Prasetyo::
http://solopos.co.id/jajawa/keluaran.asp?id=10644




































